*URIP ZAMAN SAIKI*

- Zamane-zaman globalisasi
- Akeh wong wis padha lali
- Karo dzat Kang Maha Suci                
- Duwit korupsi dianggep rejeki
- Akeh santri sing podha ora gelem ngaji
- Ugo akeh KYAI sing lali karo santri
- Malah MELU-MELU REBUTAN KURSI

- Manungsa kuwi dititah podha
- Nanging yen masalah bondha dijatah bedha
- Mula manungsa iku wajibe mung usaha karo ndedonga - Entuk rezeki sepira atine sing nrima
- Ora usah meri karo ksncs sak padha-padha

- Akeh wong stres              - Mergo uripe ora beres

- Rino wengi mung mburu ndonya
- Njur lali karo agama
- Aja padha nggersula ndak gelis tuwa
- Wong yen nrima uripe dawa
-Wong sulaya uripe rekasa
- Wong sing sabar rejekine jembar
- Wong yen ngalah uripe bakal barokah
- Sapa sing jujur uripe makmur
- Sapa sing tlaten tembe mburi bakal panen
- Wong sing sombong amale kobong

- Zamane wis zaman tuwa
- Akeh manungsa wis angel ditata
- Ora gelem nglakoni tuntunan agama
- Senengane malah padha gawe dosa
- Tumindak dosa saben dina padha ra krasa
- Sitik-sitik ora ketara
- Suwe-suwe dadi cetha
- Kaya wong tumindak dosa dilakoni saben dina
- Dosa Kadang-kadang ora krasa
-  Mergo pancen wes kulina
- Sing ati-ati lan waspadha
- Menawa sira ngobrol karo kanca
- Ngrasani tangga
- Ngojrah alane liya
- Kadang ra rumangsa awake gawe dosa

- Ayo mumpung durung telat
- Enggal-enggal padha tobat
- Timbang ning akhirat sira mbesok nampa adzab

-Mung dosa sepele kang ora dirasake
- Nanging gedhe akibate marang awake dewe

- Mumpung isih urip
- Ngibadaho kanti tertib

- Ngelingana yen wes mati
- Ora bakal isa bali

- Mumpung isih waras
- Ibadaha kanti ikhlas

- Mumpung isih longgar
- Ibadaha kanti sabar

- Ngelingana yen wis lara
- Ora bisa apa-apa

- Ngelingana yen wis repot
- Ibadah rasane abot

Mugi2 Migunani kangge Sederek2 kula sedaya

Komentar

Postingan populer dari blog ini