*" ILMU IKHLAS "*
(jebule yo angel tenan...yo)
Ono wong tani sowan nang omahe *Kyai* nggowo telo panenane .. Jenenge *_Paijo.._*
*Paijo* : _Assalamu'alaikum...!_
*Kyai* : wa'alaikum salam.., monggo pinarak *Jo ..*
*Paijo* : _njih mbah *Kyai'* , niki kulo betak-aken telo hasil bumi kulo, namung telo mawon.._
*Kyai* : yo Jo ,kono lebokno nèng mburi..
Bareng wis rodo suwé njagong akhire Paijo pamitan arep mulih..
*Paijo* : _kulo pamit mantuk rumiyen mbah Kyai.._
*Kyai* : iyo jo, kae wedus cancangan neng mburi gawanen mulih yo..
*Paijo* : _lho.., mboten mbah Kyai, kulo mriki mboten ajeng nyuwun nopo-nopo".._
*Kyai* : ora Jo, kuwi rezekimu, aku wis mbok gawakno telo, kowe mulih yo kudu tak gawani, anane mung wedus kuwi..lha gawanen..
*Paijo* : _njih nek ngoten mbah Kyai.., matur sembah nuwun.._
*Paijo* bali mulih nuntun wedus , neng dalan ketemu *Paidi..*
*Paidi* : wedus ko endi kuwi Jo..?
*Paijo* : _ko nggone mbah kyai Di.._
*Paidi* : kok iso ceritane piye..opo awakmu saiki kulak'an wedus..
*Paijo* : _ngene ceritane..aku sowan nenggoné mbah Kyai karo nggowo telo...bareng arep bali mulih aku di paringi wedus karo mbah Kyai.._
Neng jero atine Paidi ngomong: _"Paijo nggowo telo wae di ijoli wedus, opo maneh nek aku gowo wedus mrono lak malah di ijoli sapi"_ (otak bisnise Paidi metu)
Sesuk'e Paidi sowan nang daleme mbah Kyai karo nuntun wedus..
*Paidi* : _Assalamu'alaikum...!_
*Kyai* : Wa'alaikum salam Di.., monggo pinarak, kowe kok mrene nggowo wedus arep mbok apakno Di..??
*Paidi* : _niki shodaqoh kulo Kyai , kulo ikhlas ......saestu kulo ikhlas_
*Kyai* : Oo.. iyo Di.. matur nuwun, kono cancang neng mburi di..
*Paidi* : _njih Kyai ......
Bar njagong lan ngobrol ngalor ngidul akhire Paidi arep pamitan bali mulih.
*Paidi* : _kulo ajeng pamit mantuk riyin Kyai....._
*Kyai* : iyo Di.., ati2 yo..
*Paidi* : (karo lingak-linguk matur karo mbah Kyai) :
_"wingi Paijo mriki .......mantuk njenengan betani mendo (wedus) Kyai ....., kulo nggih purun di nèk dibetani olèh2._
*Kyai* : Owalah ,, ngono to Di..,, yo kuwi .....ono telo oleh2e Paijo wingi ......lha gawanen gawe oleh-oleh".
Paidi bali mulih karo nggowo telo..
Glodak.., gulung" salto mengarep memburi..(kenyataan tak sesuai harapan)
Akhire Paidi bali mulih ..........Turut dalan bengok2 :
*_Om Telo Om _* *_Om Telo Om_*

Komentar
Posting Komentar